Contoh SOAL & Jawaban PAS Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 Lengkap dengan Kunci Jawaban

Contoh SOAL & Jawaban PAS Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 Lengkap dengan Kunci Jawaban
Contoh SOAL & Jawaban PAS Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 Lengkap dengan Kunci Jawaban

SEARCH DISINI :

TOPIKTREND.COM, Contoh SOAL & Jawaban PAS Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 Lengkap dengan Kunci Jawaban – Bagi siswa-siswi kelas 7 dapat mencoba mengerjakan contoh soal PAS Bahasa Jawa untuk semester 1 lengkap dengan kunci jawaban. Dengan adanya kunci jawaban dari contoh soal PAS Bahasa Jawa ini untuk mempermudah siswa-siswi kelas 7 semester 1 saat belajar.

Selain itu, siswa-siswi kelas 7 semester 1 mempelajari contoh soal PAS Agama Islam agar mempunyai lebih banyak referensi dalam persiapan ulangan akhir semester 1 tahun pelajaran 2022/2023.

Read More

Meski sudah ada kunci jawaban dari contoh soal PAS Bahasa Jawa, siswa-siswi kelas 7 semester 1 diharapkan untuk menjawab dengan jawabannya sendiri terlebih dahulu.

Dikutip MEDIA BLORA dari berbagai sumber. Berikut contoh soal PAS Bahasa Jawa kelas 7 semester 1 lengkap dengan kunci jawaban.

Sampun setunggal taun anggenipun kula ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki

1. Tembung “kawruh” ing ndhuwur kalebu tembung ….

A. Aran

B. Kriya

C. Wilangan

D. Katrangan

Jawaban: A

Yen bu guru dhawuh prayogane bocah – bocah kudu ngrungokake, amarga pituture bu guru iku becik yen ditindhakak

2. Tembung dhawuh ing dhuwur kalebu tembung .…

A. Wilangan

B. Kahanan

C. Panyilah

D. Kriya

Jawaban: D

Agrowisata Kebun Teh Wonosari minangka salah satunggaling papan wisata kang asri ana ing wewengkon Kutha Malang. Dumunung kira kira 6 km saka Lawang lan 30 km saka Malang, ana ing lerenge Gunung Arjuna, mula hawane adhem

3. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ….

A. Kolaborasi

B. Idhentifikasi

C. Klasifikasi

D. Deskripsi bageyan

Jawaban: B

Ing Coban randa saliyane banyu anjlog akeh wahana wisata kang bisa kita temoni kayata : kebun satwa lan kebon woh – wohan, taman labirin kanggo wahana dolanan goleki dalan, papan kanggo outbond uga ana, ana kuliner utawa café lan uga ana hunting foto.

4. Struktur teks ing paragraf ndhuwur yaiku kalebu ….

A. Idhentifikasi

B. Kolaborasi

C. Klasifikasi

D. Deskripsi bageyan

Jawaban: D

Esuk umun umun para kadhang tani tumandhang gawe menyang sawah, padha sayuk rukun makarya ing sawah kanthi sengkud, ana kang macul, ana kang ngresiki gulma, ana sing mupuk lsp, supaya nalika mangsa panen, asil panen apik lan nyenengake.

5. Tembung “ macul, ngresiki lan mupuk “ kalebu tembung ….

A. Wilangan

B. Kahanan

C. Panyilah

D. Kriya

Jawaban: D

Adikku nggawa buku Basa Jawa kanggo sinau

6. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….

A. Upaya

B. Wektu

C. Tujuan

D. Panggonan

Jawaban: C

Para pangunjung yen kepengin lunga menyang Sendang Biru bisa nganggo kendaraan pribadi utawa kendaraan umum.

7. Saka ukara ing ndhuwur, kang kalebu tembung ancer-ancer yaiku tembung ….

A. Menyang

B. Sendhang biru

C. Para pengunjung

D. Kendaraan umum

Jawaban: A

Ana ing papan wisata Jatim Park iku bisa ditemokake maneka warna wahana kanggo dolanan, kayata : kreta kelinci, bom-bom car, tornado, labirin lan sapanunggalane kang bisa gawe para wisatawan iku kasengsem marang papan panggonan kasebut.

8. Paragraf ing dhuwur kalebu struktur teks deskripsi yaiku ….

A. Idhentifikasi

B. Klasifikasi

C. Kolaborasi

D. Deskripsi bageyan

Jawaban: B

Kalawingi Budhe Narmi tindhak menyang Surabaya amarga arep dherek lomba nembang macapat.

9. Ukara kasebut ing dhuwur nggunakake katerangan ….

A. Cara

B. Wektu

C. Upaya

D. Panggonan

Jawaban: B

Gunung Arjuna yen didheleng saka kutha Malang mligine tlatah Singosari katon ijo royo royo, ing lembah utawa kaki gunung kaya kaya astane satria kang gagah prakosa njaga alam ing sakiwa tengene.

10. Miturut tata rakite utawa jenise tembung, tembung “saka” kalebu tembung ancer ancer amarga tembung saka ….

A. Sesulihing Gunung Arjuna

B. Nerangake kaendahan ing Gunung Arjuna

C. Kanggo nerangake pangrasa ndheleng Gunung Arjuna

D. Kanggo nyambung tembung di dheleng karo Kutha Malang

Jawaban: D

1. Aku tuku gula ing pasar

2. Kula tumbas gendhis wonten ing peken

3. Kula mundhut gula ing peken

4. Kula mundhut gendhis ing peken

11. Ukara ing dhuwur kang kalebu basa ngoko lugu yaiku nomer ….

A. 1

B. 2

C. 3

D. 4

Jawaban: A

Mbak Rani wingi lunga menyang Pekalongan arep tuku Batik.

12. Yen nganggo basa ngoko alus, yaiku ….

A. Mbak Rani kalawingi kesah dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik

B. Mbak Rani kalawingi tindhak dhateng Pekalongan badhe mundhut Batik

C. Mbak Rani wingi tindhak menyang Pekalongan arep mundhut Batik.

D. Mbak Rani wingi kesah datheng Pekalongan arep mundhut Batik

Jawaban: C

Minangka salah sawijining papan wisata ing Jawa Wetan, dumunung ing kutha Blitar kalebu wisata budaya / cagar budaya. Manggon ana ing sangisore Gunung Kelud. Ing sakupenge tinemu reca ( arca ) peninggalan saka kerajaan Kediri.

13. Wisata ing dhuwur nyritakake ….

A. Pesisir Ngliyep

B. Kampung Coklat

C. Candi Penataran

D. Pesarean Bung karno

Jawaban: C

Telaga Sarangan iku dununge ing sakulone kutha Magetan, kurang luwih 16 km saka kutha.

14. Tembung kurang luwih yen karunut miturut macane nggunakake swara ….

A. U jejeg, A jejeg, U jejeg, I miring

B. U jejeg, A miring, U jejeg, I jejeg

C. U miring, A miring, U jejeg, I jejeg

D. U miring, A jejeg, U jejeg, I miring

Jawaban: A

Mbah Sastra duwe pekarangan kang amba banget, dhewekke seneng ngingu kewan, akeh maneka warna kewan kang ana ing pekarangan kayata : sapi, wedhus, kebo, pitik, kelinci, bebek, menthog.

15. Manut teks ing dhuwur tembung kang nganggo swara miring yaiku ….

A. Sapi

B. Kebo

C. Kelinci

D. Wedhus

Jawaban: D

Sawise lulus saka STOVIA, Dr Soetomo banjur nerusake perjuwangane ing Kutha Surabaya. Liwat organisasi Budi Utomo. Dr. Soetomo uga ngedegake organisasi putri Mardika, yaiku sawijine organisasi kewanitaan kang nerbitake ariwarti Darma Kandha, sawijining surat kabar kang digunakake kanggo propaganda merjuwangake kamardikan.

16. Teks kasebut ing dhuwur kalebu struktur bageyan ….

A. Surasa

B. Wasana

C. Pambuka

D. Idhentifikasi

Jawaban: A

1. Wekasan Riwayate

2. Perjuwangan lan lelabuhan

3. Riwayat Pakaryan

4. Asal Usul tokoh

5. Anugrah kang diterima

17. Pranyatan nomer … lan … ing dhuwur kalebu isi panutup / wasana teks profil.

A. 2 lan 3

B. 1 lan 5

C. 2 lan 4

D. 1 lan 3

Jawaban: B

18. Manut unggah-ungguhe, ukara sing bener kanggo mangsuli pitakone Ibu yaiku ….

A. Wis, Bu, mau isuk aku wis mangan.

B. Wis, Bu, wau enjing kula wis nedha.

C. Sampun, Bu, wau enjing kula sampun dhahar.

D. Sampun Bu, kalawau enjing kula sampun nedha.

Jawaban: C

1. Orientasi

2. Resolusi

3. Komplikasi

4. Klimaks

5. Reorientasi

6. Koda/ amanat

19. Urutan struktur teks narasi ing ndhuwur kang baku yaiku ….

A. 1 – 3– 2 – 4 – 5 – 6

B. 2 – 6 – 4 – 1 – 5 – 3

C. 3 – 4 – 1 – 5 – 6 – 4

D. 1 – 3 – 4 – 2 – 5 – 6

Jawaban: D

“Ing sakjabane padhepokan Arga Sekar isih repet-repet, angin esuk krasa seger banget, Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis ubarampene sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan direwangi putrane Bambang Sumantri banjur diterusake sembah puja konjuk Sang Hyang Widhi, lumantar Dewa Surya ing sanggar pamujan..……”

20. Paragraf ing dhuwur yen dideleng saka struktur teks narasi kalebu bagean ….

A. Klimaks

B. Orientasi

C. Resolusi

D. Komplikasi

Jawaban: B

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 29 lan 30!

Ninggal Arjuna sing atetawang tangis sinambi mbopong kunarpana Sang Adipati Karna tumuju pakuwone Pandawa. Kunarpane Adipati Karno karukti dening para kadang Pandawa kairing donga puji. Iku minangka bukti yen tali paseduluran apa maneh tunggal bapak lan ibu ora bakal bisa kapisah lan pedhot kerana urusan donya.

21. Teks narasi ing nduwur kalebu struktur .…

A. Klimaks

B. Resolusi

C. Reorientasi

D. Koda/ amanat

Jawaban: D

22. Dudutan/ kesimpulan sing bisa dijupuk saka paragraf ing nduwur njelasake nilai .…

A. Unggah-ungguh

B. Tata krama

C. Budi pekerti

D. Sopan santun

Jawaban: C

”Menawi makaten Kakang Adipati Karna, monggo enggal karampungaken jejibahan punika.” Arjuna atur sembah lan sumadiya nyengklak kreta perang, semono uga Adipati Karna.

23. Miturut struktur teks narasi, paragraf ing dhuwur kalebu bagean ….

A. Orientasi

B. Resolusi

C. Komplikasi

D. Koda/ amanat

Jawaban:C

Resi Suwandagni wis katon lenggah sila ing pendhapa cecawis (dicepaki) ubarampene (kelengkapan) sesembahan, mapag sumoroting sang bagaskara ing sisih wetan.

24. Tembung sang bagaskara tegese ….

A. Bumi

B. Lintang

C. Rembulan

D. Srengenge

Jawaban: D

Para pahlawan rela ngorbanake jiwa raga kanggo bangsa lan negara Indonesia.

25. Tembung jiwa raga kalebu jinise tembung ….

A. Entar

B. Garba

C. Saroja

D. Dasanama

Jawaban: C

Demikian penjelasan tentang Contoh Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 1 Lengkap dengan Kunci Jawaban.***

Sumber: https://blora.pikiran-rakyat.com/pendidikan/pr-2095896598/contoh-soal-pas-bahasa-jawa-kelas-7-semester-1-lengkap-dengan-kunci-jawaban?page=20


SEARCH DISINI :

Related posts